Senin, 06 Juli 2020

PASRAH LAMARAN JAWA

PIDATO PASRAH LAMARAN

 kali ini saya akan memberikan contoh singkat tentang pidato ketika mau menyerahkan seserahan pas lamaran dengan bahas jawa , mungkin busa berguna bagi pembaca

. CONTOH.:

 


Assalamualaikum Wr. Wb.

Kulo nuwun ,  dumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung semawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami. 

     Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha Sagung Dumadi”, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjengan sadaya katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwo lan kasariro dateng kulo hangluberana dhumateng kawula. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking Bp sugito sekalihan.
         Penjenganipun Bp parno sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp sugito sekalihan, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjengan, sumarambah para kaluwarga samudayanipun.     
    Jangkep kaping kalih: ing nguni sampun wonten parembagan, ing antawisipun Bp sugito sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg edi kaliyan Bp parno sekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi Kenya siwi sesilih Rr Ayu ari wardani.Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawahsonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedyo nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah penjenenganipun Bp………………sekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan puniko ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi. 
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ……….. sekalihan garwa inggih punika; Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenga mboten saged pisah salami-laminipun. Kasoking katresnan Bp…………sekalihan dhumateng Bp………………sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud………………, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putri Mboten kekilapan Bp………………………..sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp…………sekalihan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. 
        Kajawi punika , panyuwunipun Bp……………..sekalihan, ing mbenjang manawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. 
        Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. …………sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp Sungkono sekalihan, manawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami. Akhirul kalam, wallahu muwafiq ila aqwamittoriq

 Wassalamu’alaikum Wr.Wb

3 komentar: